Bathara Guru

Bathara Guru

Bathara Guru iku ratuning para déwa kang ngratoni tribawana (triloka), ya iku jagad luhur, jagad madya, lan jagad andhap. Tegesé jagad luhur ya iku papan keraméyané para sukma (ruh) lan para déwa, jagad madya papan karameyane badhan wadhag (para manungsa), jagad andhap papan karaméyané para jin, sétan, dhedemit, brekasakan, lan sapanunggalané. Kanthi mangkono, Bathara Guru kalebu gedhé panguwasané, wenang mangrèh makluk kang wujud badhan alus apa déné badhan wadhag.

Kahyangané Bathara Guru aran Jonggringsaloka. Mapan ing sapucuking Gunung Tenggur. Papan iki asring sinebut Suralaya, kang surasane padunungane para déwa. Tembunge liya: Surapada, Suraloka, Kahyangan, kadewatan, kadhang ditembungaké kaswargan.

Tebahane Suralaya iya jonggringsaloka iku jembar banget. Pérangan-perangane ana kang diarani: Uttarasegara (kahyangane Bathara wisnu), Argadahana/Duksinageni (Kahyangané Bathara Brama), Bendharata/Indraloka (kahyangane bathara Indra), Suwelagringging (kahyangané bathara Sambu), Ekacakra (kahyangan sang Hyang Surya), Argadumilah (kahyangané Bathara Yamadipati),Cakrakembang (kahyangané Bathara Kamajaya),Sebaluri (kahyangané Bathara Antag/Sang Hyang Puguh, Tejamaya (kahyangané bathara Ismaya),Selomangumpeng (kahyangané Bathara Kala), lan isih akèh manèh.

Garwané Bathara Guru ana loro, ya iku :

  1. Dewi Uma (Umayi), putra putrine Sodagar Omaran iya Tayumuthu, trahe Bagenda Saleh saka Tanah Parashu. Karo Bathara Guru, Dewi Umayi peputra: Bathara sambu (Sambo), Bathara Brama, Bathara Indra (Bathara Surapati), Bathara Bayu, Bathara wisnu. Siji manèh dumadi saka kama salah, wujudé buta gedhé bebisik Bathara Kala.
  2. Dewi Laksmi iya Uma Rakti (Uma Ranti), peputra telu, ya iku Bathara sakra, Bathara Mahadewa lan Bathara Asmara.

Bathara Guru utawa Bathara Manikmaya iku isih saduluran karo Bathara Tejamaya lan Bathara Ismaya.


Developed by StudentB